Dodolane Endog Asin Palah Sabu Dikonsumsi Wong Kebumen

polres kebumen cekel pengedar lan pengonsumsi sabu
polres kebumen cekel pengedar lan pengonsumsi sabu

KEBUMEN, PORTAL NGAPAK – Ana-ana bae pancen kelakuane MM (52) wong Desa Klegenwonosari, Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen.

Genahan dodolane endog asin dipangan gurih tur maregi, lah MM palah senengane ndilati tur ngonsumsine Sabu.

Duit ora genah lungane, palah akibate mlebu sel, padahal nek dikumpulna bisa jaya lan dadi juragan endog asin kaya dene wong Brebesan.

Jerene sih MM gulih tuku sabu regane mangatus ewu, jajal nek duite gue nggo tuku endog, arepan dipangan dewek ngasi mendem endog ora masalah, palah wareg lan dadi daging.

Tapinan angel arane wong wis kecanduan Narkoba kaya MM, ngumur wis 52 ora eling anak bojo, sing penting ngeplay lan halu.

Mbasa kewenangan aktivitase lan dicekel Polisi, tuturane MM maring Polisi, “Ben Kuat pak gulih nggawe endog asine.” Akune.

Kapolres Kebumen AKBP Piter Yanottama nerangna, MM ulih sabu kan aring pengedar MR (29) wong Desa Jatimalang, Kecamatan Klirong, Kebumen.

“Lorone ketangkep nang aring wilayah Kecamatan Klirong, Senin 25 Januari 2021.” Jere Kapolres Senin (1/2/2021).

MM kena Pasal 112 ayat (1) subsider pasal 127 ayat (1) huruf a UU RI nomor 35 tahun 2009 tentang Narkotika.

MM kena sanksi acaman penjara paling suwe 12 taun penjara

MR sing dadi bandar dijerat Pasal 114 ayat (1) Juncto Pasal 112 ayat (1) subsider pasal 127 ayat (1) huruf a UU RI nomor 35 tahun 2009 tentang Narkotika.

MR kena sanksi kurungan paling suwe 20 taun kurungan.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait