Kurir Ning Cirebon Kocar-Kacir Isi Paketan King Cobra Kan Cilacap Ucul

King Cobra ucul kan paket ning Cirebon foto by antaranews
King Cobra ucul kan paket ning Cirebon (tangkapan layar video antaranews)

CIREBON, PORTAL NGAPAK – Pan anter barang paketan sekan Cilacap marang Indramayu, durung tekan malah Karyawan Ekspedisi anter barang ning Cirebon digawe panik.

Pasale isi ning njero box sing pan dianter malah ucul, karyawan ning kantor ekspedisi Tiki ning dalan by Pass pun kocar-kacir. Soale wedine nemen, sing ucul King Cobra asli.

Kewan sing upase mandi nemen kue ucul lan nggelosor mondar-mandir terus ngumpet ning njerone Kantor Ekspedisi, sungkan ndak kepriwe-priwe, akhire Nelpon pihak Pemadam Kebakaran (Damkar).

Penjelasan Pelaksana Harian perusahaan Ekspedisi Tiki By Pass Kota Cirebon, Carsha, awale pihak ekspedisi pan nyortir barang sing dikirim kan Cilacap.

“Sedurunge dikirim marang tempat tujuan Indramayu, barang-barang sekan arah Banyumasan di transit lan disortir gimit ning kene, pas disortir kie isi paketan sekan Cilacap ucul lan isi-ne King Cobra. Belih pengin kejadian sing ora-ora teruse nelpon pihak Damkar.” ujar Pelaksana Harian perusahaan jasa Ekspedisi Tiki by Pass Kota Cirebon, Carsha.

Pihak Damkar sing neremi Laporan kue langsung meluncur marang lokasi, lan Akhire Ula berbisa jenis King Kobra bisa dicekel lan dievakuasi.

Tuture salah sijine petugas Damkar Hendri, Dugaane King Cobra iku ucul lantaran karduse teles lan lembab.

“Dugaane Ulane ucul sebab karduse teles lan lembab, bisa dadi ulane ngguwang kotoran ning njero kardus lan dadi teles. Sementara ulane wis diamanaken lan rencanane pan koordinasi karo pihak BKSDA ben selanjute Ulane dilepasliarkan.” Tutur Hendri.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait