Diduga Cucusi Santri, Fahim Mawardi Ora Pantes Diceluk Kiai

Guntur Romli Kanan dan Fahim Mawardi Kiri
Guntur Romli Kanan dan Fahim Mawardi Kiri

BANYUMAS, PORTAL NGAPAK – Pengurus Pondok Pesantren Al Djaliel 2 Jember, Jawa Timur, Ustaz Fahim Mawardi uwis sah ditetapna dadi tersangka seentese Nyaine (Himmatul Aliya) Nagadu meng Polres Jombang atas Kasus dugaan Cucus ro santriwatine.

Ngerti diadukna bojone dewek, Ustaz FM mbantah atas tuduhan nyaine. Jerene sang Ustaz, Kue sing ngadu meng Polisi udu bojone soale wis dipegat.

“Kie fitnah kie, aku ora ngelakoni kaya dene sing dituduhna mantan Bojoku.” Jere Ustaz FM.

Ustaz FM ngendikan dekne wani sumpah nek dekne nglakukna perbuatan kaya sing dituduhna lan video bukti sing diweken Polisi kue nyata, dekne bersumpah garep mlaku ndodok Jember – Jakarta plus bugil.

“Aku wani sumpah Demi Allah, nek terbukti aku ngelakukna kaya sing dituduhna lan ril video bukti aku ngelakukna karo santri, Wallahi Enyong mlaku Jember-Jakarta ro Ndodok lan Bugil,” Jere Ustaz FM.

Sementara Nyai Himmatul Aliya (HA) mung ngakak ngerti Ustaz FM sesumbar ngomong ra ngakoni bojone dewek lan ora ngakoni perbuatane dewek.

“Kulo mung ngguyu ae lah, pasale kulo niki nggih kalih Ustaz FM sampun 10 Tahun, Dados kulo ngertos sanget kelakuan mantan Suami kulo, lan kulo niki masih sah Istrinipun FM.” Ceritane Nyai HA marang Awak Media.

Sementara pegiat media sosial, politikus sekaligus Aktivis Nahdlatul Ulama, Gus Mohamad Guntur Romli nanggepi kabar nang media terkait Ustaz FM sing ditetapkan tersangka lan ditahan, ngerasa risih maring gelar Kiai sing tersemat nang ngarep jeneng Ustaz Fahim Mawardi.

“Loh loh Fahim ngaku Kiai, wis Fahim bae aja ana Kiai-Kiane nggawe isin bae. Soale aku ngerti kie uwong emang ket mien ndugal. Pernah Mbojo ro kerabat kulo nang Madura duwe anak papat ditinggal, terus dicerai. Emang breng**k,” Celetuk Gunromli nang Facebook.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait