Gegarane Itungan Jawa Ora Akurat Wong Kebumen Nekat Kendat

cilacap info featured
cilacap info featured

KEBUMEN, PORTAL NGAPAK – Ana-ana bae, gara-gara anake sing lanang arep nikahan, tapi itungan jawane ora akurat, SY (52) sing manggone nang Desa Kedungwinangun, Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen nekat kendat.

Otomatis kejadian guwe nggawe geger tetanggane apamaning bojone dewek, masalaeh sing menangi bojone pas lagi aring dapur, Senin (25/1/2021) jam 3’an isuk.

Sing wedon menangi sing lanang kendat spontan njerit lan melung-melung, mulane tanggane pada teka kepengin ngerti apa jalarane.

Kasubbag Humas Polres Kebumen, Iptu Sugiyanto nerangaken, pihak INAFIS Polres Kebumen sing ngelakukna pemeriksaan, ora ditemukna anane tanda-tanda sing disebabna kekerasan nang awake sing gantung diri.

“Nek sesuai bukti nang lapangan, kuat dugaan SY sengaja kendat.” Jere pak polisi.

Sementara sekan keterangan keluargane, korban nduweni beban pikiran, ditambah anake lanang arep nikahan tapi itungane ora sesuai karo itungan jawa.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait