Diomong Mandul Nang Bojo, ASN Buktikna Tokcer Ming Janda

ilustrasi suami istri cekcok dan berujung selingkuh
ilustrasi suami istri cekcok dan berujung selingkuh

YOGYA, PORTAL NGAPAK – Mahligai Cinta tekan pelaminan bae ora cukup lan sempurna nek urung olih momongan, mbuhan kue faktor lanange atau wedone.

Tapi nang Yogya Bojo wedon banget pedene ngerasa deweke subur makmur loh jinawi bisa ngasilna keturunan. Nganti dewekne sesumbar “Mas Awakmu ki Mandul Yah, wes suwe kulo lan njenangan nikah mboten enten hasile alias 0-0 ke mawon mas” cara bahasa wetanan.

Sing lanang krungu bojone ngomong kaya kue ya dadi mandan emosi, ra kalah karo sing wadon, sing lanang pun sesumbar “Aku iki wes sabar lan nerimo awakmu, dadi ojo ngarang nuduh aku Mandul, Yen nggak percoyo ngenjang kulo buktikno nek aku justru sih tokcer ra koyo tuduhan sliramu” Ujar Lanange.

Bojo Lanang kie kerjane nang bagian Dinas Pendidikan nang Gunungkidul Yogyakarta, merga kerja nang kedinasan lan dadi ASN penak bagi lanang berinisial P kenalan karo wadonan.

Pucuk dicinta ulam pun tiba, P akhire kenal karo Janda inisial H sing kerja nang kedinasan juga bagian Dinas Pemuda dan Olahraga.

Bar kenalan lan basa-basi ngerayu-rayu, akhire rayuan maut mas P nggawe luluh hati mbak janda. Mungkin mas P kie sering maca berita nang media tips dapatkan hati dan cinta seorang Janda.

Pertama mungkin P ngajak H jalan-jalan, makan-makan, teruse Chat-Chet sayang-sayang akhire menjurus ke pahamlah yah, soale wis pada pernaeh (mbojo).

Si H manut bae diajak P soal adu pupu, lan akhire kan perbuate wong 2 kue ngakibatna H melepuh wetenge.

Mbarang terbukti tongakate berkhasiat ampuh lan nggawe wadon liya abuh, P tambah gagah lan sesumbar maring bojone dewek “Piye mih, iki loh buktine nek aku ki ra mandul koyo dene anggepanmu.” Ujar P.

Bojo wadon sing ngerti kaya kue, lantas perasaane antara kesuh lan isin serta mrambang kisinan, sebab pernah sesumbar ngarani sing lanang mandul.

Sementara pemerintah Gunungkidul Yogyakarta wis pasti geger, selanjute keloro ASN kue ditindak.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait