Papat Bocah Cilik di Cucusi, Akibate Anas Warga Brebes Dicekel Polisi

foto pelaku pencucusan nang brebes pas ditangkep polisi
foto pelaku pencucusan nang brebes pas ditangkep polisi

BREBES, PORTAL NGAPAK – Wong asal Kecamatan Banjarharjo, Kabupaten Brebes dicekel Polisi Polres Brebes, jalarane tindakane ora lumrah.

Wong Cah Cilik lan anake tanggane dewek engganeh malah di cucus, ya akibate Anas bakalan ngandang sesuwene 15 tahun nang penjara.

Mbarang wis ketangkep polisi, Anas tembe ngaku khilaf, lan keterangane sih ngelakoni kaya gue ping pindo.

Ditakoni polisi mbasa wis digiring marang kantor kepolisian, Anas ngakoni nyucusi bocah SD umuran 10 tahun ping pindo.

Rengane sing dadi korban udu mung siji, tapi ana papat. Gulih nggarape nang tempat kosong, nang kolam renang lan nang kamar mandi sekolahan.

Moduse Anas kie ngiming-ngimingi korbane di jak jalan-jalan. Mbasa kewenangane, sebabe salah siji wong tuane ngerti anake lara anune lan ngaku bar di cucusi anas.

Krungu kabar kaya gue, wong tua sapa sing ora bak samber gledek, teruse wong tuane, sing sebut bae Bunga (10) langsung lapor polisi. Ra let suwe, Pelaku digiring polisi.

Kasatreskrim Polres Brebes AKP Agus nerangaken, wong tua korban sing tembe melapor ana 4.

“Wis ana papat sekan wong tua korban sing lapor. Tapinan kita tesih nyelediki, mbokan ana korban laine maning.” Ucape AKP Agus.

Akibat ulaeh pelaku, Anas bakalan ngandang nang penjara maksimal 15 tahun penjara.

Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait